Senin, 26 Desember 2016


MARTA SUKIRMAN

Marta Sukirman, lair ing Klaten tanggal 19 September taun 1932. Menika putra nomer 2 saking 5 bersaudara. Marta menika putra Saking Karta Dimejo. Ing cilikanipun Marta anggadhahi nama Sasiman. Sakbibaripun lulus saking SMAN 1 Klaten lajeng makarya dados pegawe ing badan agraria kang sak menika dados badan pertanahan Negara. Ing taun 1990-an piyambakipun sampun pensiun. Tiyang sepuhipun Marta menika kagolong tiyang ingkang boten mampu dados kangge tumbas siti lan bangun griya menika piyambakipun kedah usaha piyambak, awit saking menika sak bibaripun lulus piyambakipun mlebet dados pegawe negri supados gesang kanthi ayem ngantos sepuh. Marta menika saking cilikipun sampun dipun gladi prihatin dening tiyang sepuhipun. Tiyang sepuhipun ngajari menawi gadhah  panyuwunan kados dipun tampi sekolah, piyambakipun dipun kenken tiyang sepuhipun nyemplung ing lepen kangge semedhi lan ampun mentas sakderengipun dipun jawab kalian kang mbau reksa. Ing semedhinipun kang dipun laksanani asring kawujud. Kayata pas piyambakipun nyuwun supados dipun tampi dados pegawe negri, piyambakipun semedhi kungkum ing lepen ageng ngantos pinten – piten dinten lan ing dinten pungkasan piyambakipun dipun weruhi tiyang kang ngagem rasukan kados kiyayi, lan piyambakipun dipun suwuni pirsa, “ kowe ngopo neng kene? Kok ra gek bali neng ngomah”, pitakene tiyang kiyayi menika. “aku neng kene arep njaluk supoyo aku ditompo dadi pegawe negri, aku ora arep bali yen panyuwunku durung keturutan”, menika wangsulan piyambakipun. Bibar menika tiyang menika langsung paring dawuh “ yen kuwi panjalukmu, wis kana muliho tunggonono sesuk esuk”. Cara kang dipun lajengaken piyambakipun menawi dipun lajengaken ing jaman sakmenika sampun boten cocog malih, amargi jaman rumiyin tiyang jawi tasih nganut animisme lan dinamisme

 Marta menika dados sesepuh ing dusun Cucukan, Desa Nangsri, Manisrenggo, Klaten. Marta menika ing dusunipun dados tiyang ingkang nglestantunaken upacara tradisi Jawi ing laladanipun. Piyambakipun ngrumaos menawi tradisi – tradisi ing jaman sakmenika kathah ingkang sampun ilang lan maknanipun sampun boten sami kalian aslinipun, tuladanipun anggenipun pasrah ing kenduren menika sampun boten bahas ing bab kejawen lan namung bahas bab agami kemawon, ing jaman rumiyin sak sampunipun agami Islam mlebet, pasrah kenduri menika bahas bab kejawen lan sak sampunipun pasrah kenduren pungkasan lajeng dipun tutup kalian doa – doa. Wontenipun uba rampe kenduri menika kangge wujud saking panyuwun tiyang kang ngawontenaken kenduri. Tradisi sanesipun kang sampun jarang dipun lajengaken tiyang jawi inggih menika tradisi sadranan, sadranan menika tradisi “nginguk” sarean kanthi beta jajanan lan panganan kangge dipun dahar ing makam. Tradisi menika wonten cariosipun, rumiyin wonten tiyang tebih sowan ing sarean sesepuhipun, ing sarean tiyang menika reresik makamipun tiyang sepuhipun. Tiyang ing sak cedakipun sarean menika ngrumaos “mesake” mila lajeng nyaosi daharan kangge tiyang saking tebih menika, danguning dangu, lajeng kathah tiyang saking tebih kang reresik makamipun tiyang sepuhipun piyambak – piyambak lan beta daharan kang dipun dahar sesarengan ing sarean menika. Piyambakipun sakmenika namung saget ngandani tiyang kang saget dipun kandani lan putunipun supados tradisi ing laladanipun boten ical saking pagesangan tiyang jawi. Miturut piyambakipun menawi upacara adat utawi tradisi sampun ical, tiyang jawi boten gadhah napa – napa kados “masak sayur ngangge bumbu instan kang rasanipun boten pati enak”, tuturipun piyambakipun.  Mila kita tiyang Jawi kedhah nglestantunaken tradisi – tradisi ing laladan kita piyambak – piyambak supados tradisi asli Jawa menika boten  kagerus arus globalisasi.

Rabu, 07 Desember 2016

BAPAK

Esuk sore awan bengi sira tan leren
Leren golek panguripan kanggo ingsun
Supaya ingsun awig sekolah lan jajan
Sira tan tau nyebut kesel

Ingsun tan bisa wales budi asihmu
ingsun mung anak tekang bisa ndongake lan sinau kang sregep
Mugi kuwi bisa ngilangake rasa keselmu
Kesel dhiri kesel pikirmu

Nanging ingsun janji pak
Sesuk ingun bakal gawe nyenengake siramu
Nanging kuwi tetep tan bisa males bidimu
Kanggo ingsun siramu pahlawanku