Senin, 26 Desember 2016


MARTA SUKIRMAN

Marta Sukirman, lair ing Klaten tanggal 19 September taun 1932. Menika putra nomer 2 saking 5 bersaudara. Marta menika putra Saking Karta Dimejo. Ing cilikanipun Marta anggadhahi nama Sasiman. Sakbibaripun lulus saking SMAN 1 Klaten lajeng makarya dados pegawe ing badan agraria kang sak menika dados badan pertanahan Negara. Ing taun 1990-an piyambakipun sampun pensiun. Tiyang sepuhipun Marta menika kagolong tiyang ingkang boten mampu dados kangge tumbas siti lan bangun griya menika piyambakipun kedah usaha piyambak, awit saking menika sak bibaripun lulus piyambakipun mlebet dados pegawe negri supados gesang kanthi ayem ngantos sepuh. Marta menika saking cilikipun sampun dipun gladi prihatin dening tiyang sepuhipun. Tiyang sepuhipun ngajari menawi gadhah  panyuwunan kados dipun tampi sekolah, piyambakipun dipun kenken tiyang sepuhipun nyemplung ing lepen kangge semedhi lan ampun mentas sakderengipun dipun jawab kalian kang mbau reksa. Ing semedhinipun kang dipun laksanani asring kawujud. Kayata pas piyambakipun nyuwun supados dipun tampi dados pegawe negri, piyambakipun semedhi kungkum ing lepen ageng ngantos pinten – piten dinten lan ing dinten pungkasan piyambakipun dipun weruhi tiyang kang ngagem rasukan kados kiyayi, lan piyambakipun dipun suwuni pirsa, “ kowe ngopo neng kene? Kok ra gek bali neng ngomah”, pitakene tiyang kiyayi menika. “aku neng kene arep njaluk supoyo aku ditompo dadi pegawe negri, aku ora arep bali yen panyuwunku durung keturutan”, menika wangsulan piyambakipun. Bibar menika tiyang menika langsung paring dawuh “ yen kuwi panjalukmu, wis kana muliho tunggonono sesuk esuk”. Cara kang dipun lajengaken piyambakipun menawi dipun lajengaken ing jaman sakmenika sampun boten cocog malih, amargi jaman rumiyin tiyang jawi tasih nganut animisme lan dinamisme

 Marta menika dados sesepuh ing dusun Cucukan, Desa Nangsri, Manisrenggo, Klaten. Marta menika ing dusunipun dados tiyang ingkang nglestantunaken upacara tradisi Jawi ing laladanipun. Piyambakipun ngrumaos menawi tradisi – tradisi ing jaman sakmenika kathah ingkang sampun ilang lan maknanipun sampun boten sami kalian aslinipun, tuladanipun anggenipun pasrah ing kenduren menika sampun boten bahas ing bab kejawen lan namung bahas bab agami kemawon, ing jaman rumiyin sak sampunipun agami Islam mlebet, pasrah kenduri menika bahas bab kejawen lan sak sampunipun pasrah kenduren pungkasan lajeng dipun tutup kalian doa – doa. Wontenipun uba rampe kenduri menika kangge wujud saking panyuwun tiyang kang ngawontenaken kenduri. Tradisi sanesipun kang sampun jarang dipun lajengaken tiyang jawi inggih menika tradisi sadranan, sadranan menika tradisi “nginguk” sarean kanthi beta jajanan lan panganan kangge dipun dahar ing makam. Tradisi menika wonten cariosipun, rumiyin wonten tiyang tebih sowan ing sarean sesepuhipun, ing sarean tiyang menika reresik makamipun tiyang sepuhipun. Tiyang ing sak cedakipun sarean menika ngrumaos “mesake” mila lajeng nyaosi daharan kangge tiyang saking tebih menika, danguning dangu, lajeng kathah tiyang saking tebih kang reresik makamipun tiyang sepuhipun piyambak – piyambak lan beta daharan kang dipun dahar sesarengan ing sarean menika. Piyambakipun sakmenika namung saget ngandani tiyang kang saget dipun kandani lan putunipun supados tradisi ing laladanipun boten ical saking pagesangan tiyang jawi. Miturut piyambakipun menawi upacara adat utawi tradisi sampun ical, tiyang jawi boten gadhah napa – napa kados “masak sayur ngangge bumbu instan kang rasanipun boten pati enak”, tuturipun piyambakipun.  Mila kita tiyang Jawi kedhah nglestantunaken tradisi – tradisi ing laladan kita piyambak – piyambak supados tradisi asli Jawa menika boten  kagerus arus globalisasi.

Rabu, 07 Desember 2016

BAPAK

Esuk sore awan bengi sira tan leren
Leren golek panguripan kanggo ingsun
Supaya ingsun awig sekolah lan jajan
Sira tan tau nyebut kesel

Ingsun tan bisa wales budi asihmu
ingsun mung anak tekang bisa ndongake lan sinau kang sregep
Mugi kuwi bisa ngilangake rasa keselmu
Kesel dhiri kesel pikirmu

Nanging ingsun janji pak
Sesuk ingun bakal gawe nyenengake siramu
Nanging kuwi tetep tan bisa males bidimu
Kanggo ingsun siramu pahlawanku





Rabu, 30 November 2016

geguritan

KELUH KESAHKU

Aku ki apa ta?
Mung wit sing ra guna
Aku mung bok selehke ing papan wong sing do turu
Anggepmu aku ki obat nyamuk ?
Sing nggusahi nyamuk sik ngganggu wong turu
Aku ki pada karo kowe kabeh
Sanajan aku mung rupa wit
Nanging aku duwe hak lan perlakuaan pada kaya liane
Apa sing ndadekake kowe kabeh ngganggep aku ra guna?
Ing pikiranmu aku ki  omahe badan alus
Sing senengane dolanan ing wayah peteng
Apa kowe ngganggep aku mung hiasan
Hiasan ing sarean utawa taman
Aku  pinngin kowe kabeh nganggep aku podha karo liane


Rabu, 26 Oktober 2016


Kanca Saklawase

Wis tinggal pirang dina maneh para siswa kelas 3 SMP arep nempuh Ujian semester/ US.
“wan ,piye iki kari 4 dino manneh dewe arep Ujian,” kandane Sisri marang Wawan. ”lah piye?, yo sinau ta ben isoh!” jawabe Sisri. Bel masuk wes muni. Rung ono telung menit lebar bel Pak Sigit wes rawuh. Pak Ketua, Dani langsung nyiapke kabeh murid kanggo ndongo miwiti pelajaran. Banjur pak Sigit ngucapake salam
  “Assalamu’alaikum warohmatuloohi wabarokatu”,sapa Pak Sigit.
  ‘’wangalaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu”, jawabe para murid
Pak Sigit kuwi guru Bahasa Indonesia, deweke guru kang tegas.
Pelajaran  dilekasi,  Pak Sigit nerangake bab IV.  Ananging anggone Pak Sigit nerangake, Sisri isih durung paham, “aku kok durung  paham yo Wan?”, omonge Sisri marang Wawan kanthi nada lirih.
“Takon Pak Guru wae!”,
Ananging Sisri mung meneng wae. Ketoke Sisri ora wani nyuwun pirsa.
Pelajarane Pak Sigit wis rampung. Bibar PAK Sigit metu, Sisri takon ro Wawan. Sisri takon carane nggarap soal seng mau, banjur Wawan ngewarahi Sisri nggarap. Rung rampung anggone ngewarahi, Bu Sri wes rawuh. “  teruske mengko meneh ya”, jare Wawan. Sisri yo mung manut wae. Bu Sri le nyeluk Wawan ngasi mbengok, mergane muride podho rame.
 “ hey-hey, diam, diam semuanya”, parintahe Bu Sri.
Kabeh murid do meneng, ora ana 5 menit Bu Sri anggone mulang, para siswa podo rame maneh koyo o pasar.
“Hey-Hey, diam bisa tidak?, do niat sekolah ora? nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane sek pengen isoh!”. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid podo, anteng ,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng mulang yen suasana kelase kondusif, tur yo muride podo dong.
Ing Wayah ngaso Wawan nakoni Sisri,
 “ ayo sido neruske leh mu takon mau orag Sri?’’, takone Wawan
“sesuk po kapanwae yo ,aku males we. Jajan sek wae yo, ngelihe aku”, jawabe Sisri.
“yo wes lah jajan sikik”. Wawan mung manut ro Sisri ,
 Ngasi ngaso pindo Sisri rung takon meneh, paling  Sisri wes dong.
ing wayah bali sekolah utawa pelajaran wis rampung, Wawan nyempatake mara ing Ruang BK
“kulo seng asli niku mboten tek seneng leh Sisri, amargi saben pelajaran napa kemawon sing digtekne kalih guru-guru namung Sisri. Sisri niku wonge caper,lebay,alay,nggeh niku seng marakke kulo mboten seneng, napa malih yen kulo nembe dipun suwuni pirsa kaliyan guru, mangkih seng jawab Sisri, dede kulo. Maksud kula Sisri niku kerep banget ngrebut jatah soal ngge kulo, bu”, curhate Wawan marang Bu Bk.
“Wawan, saiki kowe sabar sek wae, Sisri tok nengke wae sek. Omongo sik apik ro Sisri tentang kui, mengko Sisri ndak loro ati”, iku sarane Bu Bk.
“Nggeh Bu”jawab Wawan.
“Yo wes saiki mulih sek, ndak digoleki ibu kok ra lek bali seko sekolah”, lanjute Bu BK.
“nggeh Bu” Jawabe Wawan.
Sedino meneh US, utowo Ujian Semester. Sek diujike ing dina kepisan iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Mateamaatika. “Wes ngasi yakhene Sisri rung takon Bahasa Indonesia seng mbiyen. A........yo luweh ra arep takon aku”,batinku. Sedino iku aku ora omongan karo Sisri meneh. Sisri yo ora ngejak aku omongan kok. Aku yo ra nyobo omongan ro Sisri sing disaranke Bu BK.
Bel pindo ,tandane ngaso. Wawan ora jajan bareng Sisri, ananing Sisri ngejak Wawan jajan, ananging aku wegah. Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Sisri.
“opo Sisri reti curhatku marang Bu Bk yo?’’ pikirku.
Saksuwene neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Nek Sisri reti piye yo??. Aku kon kudu piye? Ak u bingung.
Dino wis ganti, saiki wektune US . kepeneran Wawan ora sak kelas karo Sisri. Anggone Wawan nggarap ora ono masalah, lancar . Wawa anggone nggarap soal ora nurun,jujur. US dina sepisan ngasi US dina kalima Wawan ora kepetuk Sisri maneh.
US wes rampung, bijine yo wes dimumke kabeh. Alhamdulillah Wawan oleh biji sing memuaskan. Deweke ngrasa seneng apa maneh oleh rankin 2. Wawan niliki bijine Sisri, bijine Sisri bedo adoh,deweke rankin 30. Wawan ngrasa bangga bisoh luwih apik tinimbang Sisri. Ananging Wawan yo ora sombomg.
Wayahe nganso sepisan Wawan lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. “aku wis ora mikirke Sisri meneh, luweh. Niatku iku mung arep nglaleke Sisri”, batine Wawan karo mangan.
Wawan ora nyono, Sisri moro lan lungguh neng jejere. Sisri kondo yen deweke njaluk ngapuro karo Wawan . Wawan ngrasa bingung  deweke kudu piye ,masalahe Wawan ki  arep nglalekake Sisri. Galih banjur moro lan omong, “Wan, yo dingapuro ta Sisri , mesake lo Sisri nek ora dingapuro”.Deweke  mung meneng wae. “Wan”, lanjute Galih.
“kowe rak wis ket kelas pitu ta anggone kancanan ro Sisri, telung tahun Wan, mosok arep tok pedhot ngono wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Wan”, lanjute Galih meneh.
“ ok ok, la Sisri ki ngopo njaluk ngapuro ro aku barang??”, takone Wawan marang Galih.
Sisri mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK Wan”, jare Sisri. Aku mung meneng wae.
“Wan, pliss yo aku dingapuro, Wan”, jalukke Sisri kanthi melas.
Sisri ro Galih mung ndeloke aku. Wawan katon bingung. Pancen bener wes telung tahun deweke kancanan ro Sisri. Akhire deweke ngenei ngapuro marang Sisri. deweke yo jaluk ngapuro marang Sisri lan Galih yen deweke duwe salah.

Ngasi saiki ,aku Galih, lan Sisri kancanan raket. Aku seneng isoh nduwe kanca koyo Galih lan Sisri.

Rabu, 05 Oktober 2016

contoh jenis teks

TEKS ESTETIS

pangetosan: teks kang nggadahi nilai - nilai kaendahan
tulada;

NGULANDARA

Rembulan sumurat amadhangi jaga
Lintang – lintang sumunar pating gebyar
Mripat sing bareng ganti sesawangan
Malih grembyang paddhang njingglang

Eling – eling nalika mendhung tansah surem
Jagad saya suwe saya peteng telimengan
Sambat – sambat adhuh biyung
Geneya tan ana banyu tumetes
Sing bisa dadi gegodhongan ijo royo – royo

Pancen wus kersaning Gusti Kang Murbeng
Dumadi
Ubenge bumi lir cakra manggilingan
Ana bungah ana susah ing sawayah – wayah
Padhang rembulan bakal sirna tanpa tilas
Yen wus tumekane gagat raina



sumber: Djaka lodhang edisi 30 Juli 2011

TEKS PERSUASIF

pangetosan: Teks ingkang isinipun ajaan, biasanipun awujud iklan


Image result for iklan bahasa jawa

TEKS ARGUMENTATIF

pangetosan: Teks kang awujud panemu tetiyang lan wonten fakta - fakta kang kathah kangge ndukung argumen.
tuladha:

BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI

Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.


TEKS EKSPRESI

pangetosan: teks kangge medalaken ekspresi tetiang
tuladha:

Tresno Ginowo Mati
Cipt: Whawin L / H. Golbond
Vokal: Lusiana Safara & Seger


Pi :
Yang kepiye karepmu
Ngomongo terus terang mring aku
Ojo gawe geloku ojo gawe loroku
Tresnoku siji marang awakmu

Yang percoyo o aku
Awakmu sing ono ning atiku
Yo mung siji awakmu siji roso tresnoku
Ra ono liyo kejobo awakmu

Reff ;
Pa + Pi : Nadyan gunung api sing bakal mageri 
Pa : Senadyan ombak tsunami sing ngalangi
Pa + Pi : Nganti mati nyowo ilang tak belani 
Pa : Semono gede roso tresnaku iki 
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati


Reff :


Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati

Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati


TEKS INFORMATIF

pangetosan:Teks awujud informasi kangge umum kanthi fakta - fakta pandukung pawartos

tuladha:

Maca Koran Abasa Jawa, Rasane Luwih Menep

Kalawarti basa Jawa wus dadi salah sijine cagak budaya Jawa. Tanpa medhia, mokal budaya Jawa bisa mapan nganti saiki, sebab warga bebrayan butuh sarana kanggo nerusake uneg-unege, pamikirane lan kanggo ngakoni jati dhirine minangka wong Jawa.
Supaya diakoni minangka manungsa Jawa, mula prelu nyinau kabudayan Jawa kayata basa, sanepan lan trapsila. Kabeh bab iki ya wus akeh dibabar dening kalawarti utawa ariwarti saengga satemene masarakat bisa kanthi gampang ngudi kawruh kanthi maca suplemenbasa Jawa utawa kalawarti basa Jawa.
“Ing sawetara kalodhangan, suplemen Jagad Jawa SOLOPOSupamane. Ora sithik pamerti basa Jawa kang amung tuku koranSOLOPOS pendhak dina Kemis wae. Alesane supaya bisa macaJagad Jawa. Iki nandhesake manawa koran iku dadi cagak budaya Jawa kang wigati,” pratelane salah sijine warga Karanganyar, Kurniawati, marang Espos, Rebo (8/2).
Ing papan liya, Prabowo, warga Solo, nandhesake dheweke ajeg tuku koran sing ngamot suplemen abasa Jawa amarga kepengin ngerteni crita cekak kang kamot ing kalodhangan iku. Dheweke pancen dadi salah sijine pandhemen crita cekak. “Kanthi maca crita cekak, atine dadi katrem lan seneng. Crita-crita cekak sing kababar iku biyasane kebak piwulang, pengalaman urip, utawa lelakon urip, kang bisa kanggo tuladha. Saliyane iku bisa kanggo nggumregahke daya lan semangat nulis crita,” ujare.
Dene miturut tokoh pers Solo, Ichwan Dardiri, Kutha Solo iku tau dadi kuburan koran, kalebu koran abasa Jawa. Nalika taun 1970-an mbiyen, jarene, ana kalawarti Parikesit lan duwe papan kanggo nyithak dhewe. Nanging emane, ora nganti 10 taun, Parikesit wis kukut. Kamangka kalawarti iku kebak pawarta basa Jawa, ngamot piwulang budaya, wayang lan pawarta umum kanthi basa Jawa. “Aku dhewe ora pati ngerti, kenapa Parikesit ora bisa awet suwe. Nanging nalika ngelingi Kutha Solo minangka punjering budaya Jawa, kudune budaya tulis uga ngrembaka kanthi apik. Kalebu koran abasa Jawa. Ndhisik pancen ana, banjur suda lan wusanane mati. Bisa wae amarga ora kuwat nombok modhal terus,” pratelane Dardiri, kang uga tilas Pangarsa Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) Solo iki, nalika disowani ing daleme ing Danukusuman, Solo, Senen (6/2).
Nanging nalika ana Jagad Jawa ing njero koran SOLOPOS, miturut piyambake, kaya-kaya bisa nggugah lan nggumregahke watak lan jati dhirine wong Jawa. Jarene tilas Pemimpin Redaksi Adiliki, Jagad Jawa minangka suplemen abasa Jawa isine kagolong komplet lan pepak. Ana crita-crita, ngandhut unggah-ungguh, memetri aksara Jawa, crita wayang, lan sapanunggalane.
“Ing Solo, bab iki banget diprelokake, saupama kepengin ngarahke masarakate supaya ali marang watak lan jati dhirine wong Jawa kang lelandhesan budaya Jawa. Dudu ing feodal-e, nanging ing pasrawungane. Saiki ya wus akeh stasiun TV kang nggunakake basa Jawa kanggo mincing supaya wong Solo bali menyang Jawane. Kudune, basa Jawa tulis samesthine luwih akeh pandhemene. Amarga, nalika maca koran abasa Jawa, tumrap wong Jawa, rasane luwih menep. Ana sentuhan rohani-ne,” tandhese.
Jaman mbiyen, sawetara kalawarti basa Jawa pancen nggunakake basa-basa sastra kang ndakik-ndakik. Nanging ing jaman modheren iki, rata-rata padha nggunakake basa Jawa gagrak anyar kang komunikatif utawa gampang dimangerteni lan sipate uga luwih luwes. Dadine pandhemen ya akeh

Rabu, 21 September 2016

candi plaosan

Candi Plaosan

Candi Plaosan salah satunggaling Candi ing Dusun Plaosan, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Klaten. Candi menika papan ing sisih wetan saking candi Prambanan. Miturut ahli, candi menika dipun bagun ing masa Hindu( abad 9). Miturut De Casparis, ing prasasti Cri Kahuluan(842), Candi Plaosan dipun bangun dening Ratu Sri Kahuluan kalian garwanipun. Komplek Candi Plaosan anggadahi 2 bagunan ingkang kembar ingkang ukuran lan bentukipun sami, ingkang bedaaken namung reliefipun. Candi ingkang mapan wonten sisih kidul kasebat Candi Plaosan Kidul, lan candi ingkang wonten sisih ler Candi Plaosan lor. Candi Plaosan kidul lan lor anggadahi ukuran dawa 15 m lan amba 10 m. Jarak Candi Plaosan lor lan kidul namung 20 m, lan dipun batesi kalian tembok pambates ingkang ngubengi candi. Candi Plaosan menika wujud akulturasi agama Hindu lan agama Budha. Wujud candi ingkang duwur nandani bilih menika paninggalan saking agama Hindu lan dasar candi ingkang amba menika paninggalan saking agama Budha

candi menika anggadahi mitos. Mitosipun Sinten ingkang dereng gadah momongan, kanthi nyuwun ing Candi Plaosan, bakal angsal momongan, ananging kedhah nglampahi ritual – ritual ing malem jumat kliwon lan seloso kliwon ngantos kaping 3, kathi urut lan mboten. Amargi Candi Plaosan menika anggadahi kekuatan tresnanipun Rakai Pikatan kalian Pramudya Wardani, saengga saget ndatengaken berkah.

Sabtu, 17 September 2016

Jolontoro Saluran air peninggalan zaman Belanda.

Banyak peninggalan – peninggalan para penjajah di Indonesia termasuk Belanda. Pada zaman Belanda, Belanda banyak membangun infrastruktur untuk rakya Indonesia danuntuk mereka sendiri. Sampai saat ini masih banyak peninggalan penjajah yang ada di Indonesia, namun hanya sebagian kecil yang diketahui dan terawat kondisinya. Salah satu peninggalan Belanda yang masih ada di Indonesia adalah saluran irigasi. Saluran irigasi ini berlokasi di Prambanan, klaten. Tak banyak orang yang mengetahui tentang tempat ini. Menurut orang sekitar, saluran ini dulunya dibanguan oleh bangsa Belanda untuk mengairi persawahan yang ada di sekitar saluran irigasi ini, namun tak diketahui secara pasti pada tahun berapa saluran ini dibangun. Menurut orang sekitar,air yang mengalir di saluran ini mengarah dari ujung selatan menuju arah utara, padahal saluran air disekitar tempat mengarah dari utara ke selatan. Orang sekitar tempat ini menyebutnya dengan “jolontoro”. Saluran irigasi ini terletak di tengah – tengah persawahan, sehingga untuk dapat melihat dengan dekat kita harus menyusuri persawahan.







Jumat, 16 September 2016

Senin, 12 September 2016

JAWA

ASAL USUL DUMADINE DUKUH CUCUKAN

Dusun Cucukan mapan ing desa Nangsri kecamatan Manisrenggo, Kabupaten Klaten. Asal usul dumadine Dukuh Cucukan sak wigatosipun mboten pas lan pantes dipun cariosaken dumateng tiyang kathah, amargi saget ndadosaken daredah dateng tiyang kang mboten renmen kalian tiyang kang mapan ing Dukuh Cucukan menika. Ananging kangge seratan carios rakyat. Asal usul Dumadine Dukuh Cucukan kula carioasaken.
Dumadine Dukuh Cucukan miturut cariosipun tiyang sepuh inggih menika,wonten ing laladan kang sak menika Dukuh Cucukan kathah kadadean tiyang kang mertamu ing dalemipuntiyang sanes nglajengaken tumindak kang sak wigatosipun mboten pas lan mboten pantes. Tumindakipun inggih menika minangka tiyang kang mertamu ing dalemipun tiyang sanes lan sampun dibikak lawangipun, tiyang kang mertamu langsung  “mbacok” tiyang kang dimertamu ngangge arit, clurit, lan sajenisipun. Banjur tiyang kang mertamu enten kang njarah isining griya lan wonten kang namung ngantos nindakake tumindak nyucuk (mbunuh). Lan jenazahipun dipun tinggal ing ngajengan lawang. Mila saking menika laladan dumadine kadadosanipun laladan menika dipun sebat Cucukan. tembung Cuk asalipun saking tembung mbacuk. Cucukan ngandut ari mbacuk – mbacukan.Dukuh Cucukan ing jaman rumiyin lan sak menika kathah makam, kang umumipun 1 dukuh wonten 1 makan, ing Dukuh Cucukan wonten langkung saking 1 makam, sak menika Dukuh Cucukan wonten 2 makam.

Kamis, 08 September 2016

UMUM

Asal usul kecamatan Manisrenggo


Ada 2 versi tentang asal muasal nama kecamatan Manisrenggo versi yang pertama:
Pada masa sekitar tahun 1582, konon di desa tersebut juga menjadi tempat peristirahatan para permaisuri jelita saat terjadi pertempuran hebat antara Kerajaan Pajang melawan Mataram. Permaisuri tersebut, singgah di sebuah renggo (sejenis bangsal atau padepokan).

Lantaran kecantikan permaisuri itulah, banyak orang menyebut lokasi tersebut menjadi Manisrenggo, artinya renggo tempat permaisuri yang manis singgah. Ini adalah cerita masyarakat yang turun temurun, namanya saja asal usul, siapa saja boleh usul. Masalah kebenaranya perlu diteliti.


Sedangkan versi yang kedua menyebutkan bahawa dahulu di daerah Klewer (sekarang kecamatan Manisrenggo), banyak tumbuhan tebu beserta pabrik pengolahannya. Tebu dari daerah ini terkenal akan rasa manisnya hingga suatu saat Ratu dari Keraton Solo/ Surakarta dating ke daerah ini. Beliau ingin membuktikan akan rasa tebu yang terkenal akan manisnya. Setelah merasakan, kemudian beliau ( Ratu Solo) memberikan/ mengganti daerah yang dahulunya Klewer menjadi Manisrenggo yang mempunyai arti tebu manis. Namun nama Klewer tidak hilang, Klewer kini dijadikan tempat kantor Kecamatan Manisrenggo.