Rabu, 05 Oktober 2016

contoh jenis teks

TEKS ESTETIS

pangetosan: teks kang nggadahi nilai - nilai kaendahan
tulada;

NGULANDARA

Rembulan sumurat amadhangi jaga
Lintang – lintang sumunar pating gebyar
Mripat sing bareng ganti sesawangan
Malih grembyang paddhang njingglang

Eling – eling nalika mendhung tansah surem
Jagad saya suwe saya peteng telimengan
Sambat – sambat adhuh biyung
Geneya tan ana banyu tumetes
Sing bisa dadi gegodhongan ijo royo – royo

Pancen wus kersaning Gusti Kang Murbeng
Dumadi
Ubenge bumi lir cakra manggilingan
Ana bungah ana susah ing sawayah – wayah
Padhang rembulan bakal sirna tanpa tilas
Yen wus tumekane gagat raina



sumber: Djaka lodhang edisi 30 Juli 2011

TEKS PERSUASIF

pangetosan: Teks ingkang isinipun ajaan, biasanipun awujud iklan


Image result for iklan bahasa jawa

TEKS ARGUMENTATIF

pangetosan: Teks kang awujud panemu tetiyang lan wonten fakta - fakta kang kathah kangge ndukung argumen.
tuladha:

BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI

Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.


TEKS EKSPRESI

pangetosan: teks kangge medalaken ekspresi tetiang
tuladha:

Tresno Ginowo Mati
Cipt: Whawin L / H. Golbond
Vokal: Lusiana Safara & Seger


Pi :
Yang kepiye karepmu
Ngomongo terus terang mring aku
Ojo gawe geloku ojo gawe loroku
Tresnoku siji marang awakmu

Yang percoyo o aku
Awakmu sing ono ning atiku
Yo mung siji awakmu siji roso tresnoku
Ra ono liyo kejobo awakmu

Reff ;
Pa + Pi : Nadyan gunung api sing bakal mageri 
Pa : Senadyan ombak tsunami sing ngalangi
Pa + Pi : Nganti mati nyowo ilang tak belani 
Pa : Semono gede roso tresnaku iki 
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati


Reff :


Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati

Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati


TEKS INFORMATIF

pangetosan:Teks awujud informasi kangge umum kanthi fakta - fakta pandukung pawartos

tuladha:

Maca Koran Abasa Jawa, Rasane Luwih Menep

Kalawarti basa Jawa wus dadi salah sijine cagak budaya Jawa. Tanpa medhia, mokal budaya Jawa bisa mapan nganti saiki, sebab warga bebrayan butuh sarana kanggo nerusake uneg-unege, pamikirane lan kanggo ngakoni jati dhirine minangka wong Jawa.
Supaya diakoni minangka manungsa Jawa, mula prelu nyinau kabudayan Jawa kayata basa, sanepan lan trapsila. Kabeh bab iki ya wus akeh dibabar dening kalawarti utawa ariwarti saengga satemene masarakat bisa kanthi gampang ngudi kawruh kanthi maca suplemenbasa Jawa utawa kalawarti basa Jawa.
“Ing sawetara kalodhangan, suplemen Jagad Jawa SOLOPOSupamane. Ora sithik pamerti basa Jawa kang amung tuku koranSOLOPOS pendhak dina Kemis wae. Alesane supaya bisa macaJagad Jawa. Iki nandhesake manawa koran iku dadi cagak budaya Jawa kang wigati,” pratelane salah sijine warga Karanganyar, Kurniawati, marang Espos, Rebo (8/2).
Ing papan liya, Prabowo, warga Solo, nandhesake dheweke ajeg tuku koran sing ngamot suplemen abasa Jawa amarga kepengin ngerteni crita cekak kang kamot ing kalodhangan iku. Dheweke pancen dadi salah sijine pandhemen crita cekak. “Kanthi maca crita cekak, atine dadi katrem lan seneng. Crita-crita cekak sing kababar iku biyasane kebak piwulang, pengalaman urip, utawa lelakon urip, kang bisa kanggo tuladha. Saliyane iku bisa kanggo nggumregahke daya lan semangat nulis crita,” ujare.
Dene miturut tokoh pers Solo, Ichwan Dardiri, Kutha Solo iku tau dadi kuburan koran, kalebu koran abasa Jawa. Nalika taun 1970-an mbiyen, jarene, ana kalawarti Parikesit lan duwe papan kanggo nyithak dhewe. Nanging emane, ora nganti 10 taun, Parikesit wis kukut. Kamangka kalawarti iku kebak pawarta basa Jawa, ngamot piwulang budaya, wayang lan pawarta umum kanthi basa Jawa. “Aku dhewe ora pati ngerti, kenapa Parikesit ora bisa awet suwe. Nanging nalika ngelingi Kutha Solo minangka punjering budaya Jawa, kudune budaya tulis uga ngrembaka kanthi apik. Kalebu koran abasa Jawa. Ndhisik pancen ana, banjur suda lan wusanane mati. Bisa wae amarga ora kuwat nombok modhal terus,” pratelane Dardiri, kang uga tilas Pangarsa Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) Solo iki, nalika disowani ing daleme ing Danukusuman, Solo, Senen (6/2).
Nanging nalika ana Jagad Jawa ing njero koran SOLOPOS, miturut piyambake, kaya-kaya bisa nggugah lan nggumregahke watak lan jati dhirine wong Jawa. Jarene tilas Pemimpin Redaksi Adiliki, Jagad Jawa minangka suplemen abasa Jawa isine kagolong komplet lan pepak. Ana crita-crita, ngandhut unggah-ungguh, memetri aksara Jawa, crita wayang, lan sapanunggalane.
“Ing Solo, bab iki banget diprelokake, saupama kepengin ngarahke masarakate supaya ali marang watak lan jati dhirine wong Jawa kang lelandhesan budaya Jawa. Dudu ing feodal-e, nanging ing pasrawungane. Saiki ya wus akeh stasiun TV kang nggunakake basa Jawa kanggo mincing supaya wong Solo bali menyang Jawane. Kudune, basa Jawa tulis samesthine luwih akeh pandhemene. Amarga, nalika maca koran abasa Jawa, tumrap wong Jawa, rasane luwih menep. Ana sentuhan rohani-ne,” tandhese.
Jaman mbiyen, sawetara kalawarti basa Jawa pancen nggunakake basa-basa sastra kang ndakik-ndakik. Nanging ing jaman modheren iki, rata-rata padha nggunakake basa Jawa gagrak anyar kang komunikatif utawa gampang dimangerteni lan sipate uga luwih luwes. Dadine pandhemen ya akeh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar