Nama:
Angga Bimo Satoto ( 15205241062)
Andiko Irawan H P ( 15205241076)
Kelas
: K
Makul
: Nyerat Karya Ilmiah
Dosen
: Prof. Dr. Dra. Suharti, M.Pd.
UTS
Nyerat Karya Ilmiah, Selasa 11 April 2017
(Kelas K)
1.
Teks menika katitia menapa teks menika
saged kasebat teks ilimiah ingkang sae? Cobi katitia adhedhasar titikaning basa
ilmiahipun: (1) sipat lugas, (2) gramatikal, (3) ngginakaken ukara ingkang
efektif, (4) ngginakaken kosa kata baku, (5) ukara/ paragrafipun ateges tunggal
boten mangro, (6) makna denotatif/ leksikal, (7) ngugemi sarating nalar, (8)
ngecakaken paugeraning ejaan ingkang wonten.
2.
Kaserata
ukara pokok ing paragraf ingkang dados jejibahan panjenengan kekalih.
3.
Kadamela teks ilmiah anyar miturut
cengkok panjenengan kekalih.
2.
Cetha
anggenipun ngginakaken istilah wonten ing validasi
tataran I saha tataran II pikantuk biji ingkang kagolong sae. Kalebet sae
saged katiti saking siswa saged mangertosi istilah/pitedah ingkang wonten ing
sajroning media pasinaon kanthi
gampil. Siswa saged ngginakaken media
pasinaon kanthi boten bingung saha mangertos cak-cakanipun saksampunipun
dipunandharaken cara ngginakaken dumateng guru.
|
Anggenipun
ngginakaken istilah validasi tataran
I saha tataran II pikantuk buji ingkang sae. Kalebet sae saged katiti saking
siswa saged magertosi pitedah ing salebeting media pasinaon kanthi gampil. Siswa saged ngginakaken media pasinaon kanthi boten bingung
saha mangertos cak – cakanipun saksampunipunn dipun andharaken cara
ngginakaken dumateng guru.
1.
Teks menika dereng saget dipun
sebat teks ilmiah ingkang sae, menika saget katiti saking basa
ilmiahipun:
a.
Sipat ingkang lugas.( opo anane)
Wonten ing paragaraf
menika gadah sipat lugas, tegesipun namung ngrembag 1 perkawis, inggih menika
dasaring pirembagan.
b.
Jumbuh kalian gramatikal.
c.
ukaranipun dereng efektif.
Bukti: ukara “cetha anggenipun ngginakaken istilah....”,
ukaranipun ingkang sae inggih menika “anggenipun ngginakaken istilah....”
d.
Kosakatanipun wonten ingkang
dereng baku.
Bukti : tuladhanipun
tembung “ sajroning” menika kaserat lepat, ingkang leresipun “salebeting”.
e.
Ukara / paragrafipun ateges
mangro. ( antar parargraf sae).
Buktinipun paragraf
menika namung ngrembag babagan dasaring andharan.
f.
Gadhah teges denotatif.
Bukti: boten wonten
tembung - tembung ingkang gadhahi
teges langkung saking satunggal
g.
Jumbuh kalian nalar.
h.
Wonten tembung ingkang dereng
ngecakaken paugeraning ejaan ingkang wonten.
Bukti: tembung dipunandharaken, ingkang leresipun dipun andharaken
|
Sedaya
biji kualitas media wonten perangan
pamulangan dening dosen ahli materi ingkang
dipuntindakaken mawi validasi tataran
I saha tataran II. Validasi tataran I rata-rata presentase biji pikantuk 82,22%
ingkang kagolong kategori sae
sanget. Wonten ing validasi tataran
I dosen ahli materi medharaken bilih media
menika sampun layak dipunujicoba
kanthi revisi. Babagan ingkang kedah dipundandosi inggih
menika materi pangertosaning tembang macapat ingkang ngagem basa ingkang
langkung gampil dipunmangertosi dening siswa.
|
Sesedaya
biji kualitas media wonten perangan
pamulangan dening dosen ahli materi, ingkang dipunlajengaken mawi validasi
tataran I saha tataran II. Validasi
tataran I rata – rata persentase biji
pikantuk 82,22% ingkang kalebet sae. Wontening validasi tataran I, dosen
ahli materi medharaken bilih media menika
sampun layak dipun ujicoba kanthi revisi. Babagan ingkang kedah dipun
dandosi inggih menika materi pangertosaning tembang macapat ingkang ngagem
basa ingkang gampil dipunnmangertosi dening siswa
1.
Teks menika dereng saget dipun
sebat teks ilmiah ingkang sae, menika saget katiti saking basa
ilmiahipun:
a)
Sipatipun sampun lugas.
b)
Jumbuh kalian gramatikal.
c)
ukaranipun dereng efektif.
Bukti: ukara “...pikantuk
82,22% ingkang kagolong kategori sae
sanget.” Ingkang leres “...pikantuk 82,22% ingkang kalebet kategori sae.”
d)
Kosakatanipun sampun baku.
e)
Ukara / paragrafipun ateges
mangro. ( antar parargraf sae).
Bukti: Wonten ing paragaraf
menika gadah sipat lugas, tegesipun namung ngrembag 1 perkawis, inggih menika
asil saking validasi tataran I.
f)
Gadhah teges denotatif.
Bukti: boten wonten
tembung - tembung ingkang gadhahi
teges langkung saking satunggal
g)
Saged dipun tampi kalian nalar.
h)
Wonten tembung ingkang dereng
ngecakaken paugeraning ejaan ingkang wonten.
Bukti: tembung presentase, ingkang leresipun persentase.
|
Babagan titilaras ingkang taksih kathah ingkang
boten trep kaliyan tembangipun, saha soal-soal ingkang kirang kreatif
lan inovatif dipungantos mawi soal-sola ingkang langkung sae.
Wonten validasi tataran II rata-rata presentase biji pikantuk 84,44%, menika kagolong kategori
sae sanget. Dosen ahli materi medharaken bilih media menika sampun layak dipunujicoba kanthi boten wonten revisi.
|
Babagan titlaras taksih kathah ingkang boten trep
kaliyan tembangipun. Soal-soal ingkang kirang kreatif lan inovatif
dipungantos mawi soal-soal ingkang langkung sae. Wonten ing validasi tataran II rata-rata persentase
pikantuk biji 84,44%, menika kagolong kategori sae sanget. Dosen ahli materi medharaken bilih media menika sampun layak dipunujicoba kanthi boten wonten revisi.
1.
Teks menika dereng saget dipun
sebat teks ilmiah ingkang sae, menika saget katiti adhedhasar titikaning basa
ilmiahipun:
a.
Basa ingkang dipunginakaken
sampun lugas, tegesipun sampun nggadhahi teges ingkang cetha.
b.
Ukara ing paragraf menika dereng
saged dipunsebat ukara ingkang gramatikal.
Bukti
: “Wonten validasi tataran II rata-rata presentase biji pikantuk 84,44%,...”
Ingkang
leres : “Wonten ing validasi tataran II rata-rata persentase pikantuk biji 84,44%,...”
c.
Ukara ingkang dipunginakaken
dereng efektif amargi ukara satunggal lan sanesipun boten wonten sambung
raketipun (dereng koheren).
d.
Sampun nginakaken kosa kata
ingkang baku.
e.
Wonten paragraf menika nggadhahi
langkung saking satunggal perkawis.
f.
Ukara ingkang dipunginakaken
sampun nggadhahi teges denotatif.
g.
Ukara ingkang dipunginakaken
saged dipuntampi kanthi nalar.
h.
Wonten tembung ingkang dereng
ngecakaken paugeraning ejaan ingkang wonten.
Bukti:
tembung presentase, ingkang
leresipun persentase.
|
2.
Wonten
ing validasi tataran I saha tataran
II pikantuk biji ingkang kagolong sae. Kalebet sae menika wonten titikanipun.
Njlentrehaken
babagan validasi tataran I awit
saking persentase, media, saha
babagan menapa ingkang kedah dipundandosi.
Wonten
ing validasi tataran II kagolong kategori sae sanget
saha medianipun sampun layak dipunujicoba kanthi boten wonten revisi.
3.
Media
ingkang ngginakaken istilah validasi tataran I saha tataran II
angsal biji ingkang sae. Sae menika katiti saking siswa saged mangertosi istilah kanthi sae saha gampil
ngginakaken media. Sedaya biji kualitas media wonten perangan
pamulangan dening dosen ahli materi ingkang
dipuntindakaken mawi validasi tataran
I saha tataran II. Validasi tataran I rata-rata persentase biji pikantuk 82,22% kalebet
kategori ingkang sae. Wonten ing validasi
tataran I dosen ahli materi medharaken bilih media menika sampun layak dipunujicoba
kanthi revisi. Babagan ingkang kedah dipundandosi inggih
menika materi pangertosaning tembang macapat ingkang basanipun langkung gampil
dipun mangertosi dening siswa.
Tuladhanipun babagan titilaras ingkang taksih boten
trep kaliyan tembangipun saha soal ingkang kirang kreatif lan inovatif
kedah dipungantos mawi soal-soal ingkang langkung inovatif lan kreatif. Wonten validasi tataran II sampun sae sanget, sahingga sampun layak ujicoba saha sampun boten mawi revisi malih. Ing validasi tataran II rata-rata persentase biji pikantuk 84,44%.