Minggu, 07 Mei 2017

Tugas nyerat 2/ UTS

Nama: Angga Bimo Satoto ( 15205241062)
Andiko Irawan H P ( 15205241076)
Kelas : K
Makul : Nyerat Karya Ilmiah
Dosen : Prof. Dr. Dra. Suharti, M.Pd.

(2)
Cetha anggenipun ngginakaken istilah wonten ing validasi tataran I saha tataran II pikantuk biji ingkang kagolong sae. Kalebet sae saged katiti saking siswa saged mangertosi istilah/pitedah ingkang wonten ing sajroning media pasinaon kanthi gampil. Siswa saged ngginakaken media pasinaon kanthi boten bingung saha mangertos cak-cakanipun saksampunipun dipunandharaken cara ngginakaken dumateng guru.
Sedaya biji kualitas media wonten perangan pamulangan dening dosen ahli materi ingkang dipuntindakaken mawi validasi tataran I saha tataran II. Validasi tataran I rata-rata presentase biji pikantuk 82,22% ingkang kagolong kategori sae sanget. Wonten ing validasi tataran I dosen ahli materi medharaken bilih media menika sampun layak dipunujicoba kanthi revisi. Babagan ingkang kedah dipundandosi inggih menika materi pangertosaning tembang macapat ingkang ngagem basa ingkang langkung gampil dipunmangertosi dening siswa.
Babagan titilaras ingkang taksih kathah ingkang boten trep kaliyan tembangipun, saha soal-soal ingkang kirang kreatif lan inovatif dipungantos mawi soal-sola ingkang langkung sae. Wonten validasi tataran II rata-rata presentase biji pikantuk 84,44%, menika kagolong kategori sae sanget. Dosen ahli materi medharaken bilih media menika sampun layak dipunujicoba kanthi boten wonten revisi.

1.      Teks menika dereng saget dipun sebat teks ilmiah ingkang sae, menika saget katiti saking basa ilmiahipun: 
a.       Sipat ingkang lugas.( opo anane)
Bukti: tiyang ingkang maos teks menika boten gadhah sipat emosinipun boten medal/ boten wonten emosi
b.      Gramatikal.( stuktur kalimat)
Bukti: anggenipun nyerat sampun sae, tuladanipun tata panyerating ukara ing teks menika sampun sae, lan saget dipun mangertosi deing pamaos.
c.       ukaranipun dereng efektif.
Bukti: ukara “Babagan titilaras ingkang taksih kathah ingkang boten trep kaliyan tembangipun” ingkang leresipun “ Babagan titilaras taksih kathah ingkang dereng trep kalian tembangipun”
d.      Kosakatanipun wonten ingkang dereng baku.
Bukti : tuladhanipun tembung “ saksampunipun” menika kaserat lepat, ingkang leresipun “sasampunipun”.
e.       Ukara / paragrafipun ateges mangro. ( antar parargraf sae).
Bukti: ing paragraf 3, ukara wiwitaning paragraf menika kalebet ukara panjelas dede ukara pokok saking paragraf kasebut.
f.       Gadhah makna denotatif. ( makna sebenarnya)
Bukti: boten wonten tembung  - tembung ingkang gadhah makna langkung saking satunggal
g.      Ngugemi serating nalar.
Buktinipun: hasil saking validasi tataran II langkung sae tinimbang validasi tataran I, amargi validasi tataran II menika refisi saking validasi tataran I.
h.      Wonten tembung ingkang dereng ngecakaken paugeraning ejaan ingkang wonten.
Bukti: tembung presentase, ingkang leresipun persentase¸lan tembung “soal-sola” ingkang leres “soal – soal”
2.       Ukara pokok ing paragraf menika:
validasi tataran I saha tataran II pikantuk biji ingkang kagolong sae. Tataran I kedhah mawi revisi, tataran II sampun kagolong sae sanget sahingga sampun layak ujicoba saha boten revisi.
3.       
Media ingkang ngginakaken istilah validasi tataran I saha tataran II angsal biji ingkang sae. Sae menika katiti amargi siswa saged mangertosi istilah kanthi sae saha gampil ngginakaken media.
 Sedaya biji kualitas media wonten perangan pamulangan dening dosen ahli materi ingkang dipuntindakaken mawi validasi tataran I saha tataran II. Validasi tataran I rata-rata presentase biji pikantuk 82,22% ingkang kagolong kategori sae sanget. Wonten ing validasi tataran I dosen ahli materi medharaken bilih media menika sampun layak dipunujicoba kanthi revisi. Babagan ingkang kedah dipundandosi inggih menika materi pangertosaning tembang macapat ingkang ngagem basa ingkang langkung gampil dipunmangertosi dening siswa.     
Tuladhanipun Babagan titilaras ingkang taksih boten trep kaliyan tembangipun, saha soal ingkang kirang kreatif lan inovatif kedhah dipungantos mawi soal-soal ingkang langkung inovatif lan kreatif. Wonten validasi tataran II sampun sae sanget, sahingga sampun layak ujicoba saha sa,pun boten mawi revisi malih. Ing validasi tataran II rata-rata presentase biji pikantuk 84,44%.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar