Candi Plaosan
Candi Plaosan salah
satunggaling Candi ing Dusun Plaosan, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Klaten. Candi
menika papan ing sisih wetan saking candi Prambanan. Miturut ahli, candi menika
dipun bagun ing masa Hindu( abad 9). Miturut De Casparis, ing prasasti Cri
Kahuluan(842), Candi Plaosan dipun bangun dening Ratu Sri Kahuluan kalian garwanipun.
Komplek Candi Plaosan anggadahi 2 bagunan ingkang kembar ingkang ukuran lan
bentukipun sami, ingkang bedaaken namung reliefipun. Candi ingkang mapan wonten
sisih kidul kasebat Candi Plaosan Kidul, lan candi ingkang wonten sisih ler Candi
Plaosan lor. Candi Plaosan kidul lan lor anggadahi ukuran dawa 15 m lan amba 10
m. Jarak Candi Plaosan lor lan kidul namung 20 m, lan dipun batesi kalian
tembok pambates ingkang ngubengi candi. Candi Plaosan menika wujud akulturasi
agama Hindu lan agama Budha. Wujud candi ingkang duwur nandani bilih menika
paninggalan saking agama Hindu lan dasar candi ingkang amba menika paninggalan
saking agama Budha
candi menika anggadahi
mitos. Mitosipun Sinten ingkang dereng gadah momongan, kanthi nyuwun ing Candi
Plaosan, bakal angsal momongan, ananging kedhah nglampahi ritual – ritual ing
malem jumat kliwon lan seloso kliwon ngantos kaping 3, kathi urut lan mboten. Amargi
Candi Plaosan menika anggadahi kekuatan tresnanipun Rakai Pikatan kalian
Pramudya Wardani, saengga saget ndatengaken berkah.