Selasa, 03 Januari 2017

Cerkak

                                               Weden keweden

         Ing sawijining bengi ing Dusune Dian, biasa dilaksanakake rondo bengi. Dian, Anto, lan Tio kadhapuk njaga dusun blok sisih etan dusun. Bocah telu mau do mlaku ngubengi dusun lan ngecek saben omah – omah. Ing sajroning ngeceki omah, Dian duweni akal kanggo meden medeni Anto. Anto kuwi bocahe paling wedhi ing antarane bocah telu mau. Mula saka kuwi Dian kepingin ngerti kepiye tingkahe Anto yen diwedeni. Dian ngubengi saben omah sinambi nggoleki posisine Dian. Wis akeh omah sing wis deweke cekki, “wah omahe wis tinggal 3 nkas, nanging Anto kok durung ketok yo?” batine Dian. Ora suwi anggone deweke mlaku, deweke nemoni Anto sing lagi mlaku ing dalan Dusun. ” wah kepeneran anggone mlaku ing sisih kiwane ono kebon sing wit –witane runggut, kesempatan iki” guneme Dian. Dian langsung siap – siap ing sak walike suket – suket sing wis dhuwur – dhuwur kanthi posisi tiarap. Deweke nyiapake HP ne sing ana suwara “maklampir”, supaya yen Anto ing cedhake bisa langsung kaget. Anto wis ing cedhake Dian, Dian langsung nge play suwara mau. Anto krungu suwara maklampir mau langsung mlayu njrantal lan ora wani mengo buri. Dian ngampet anggone ngguyu mergo ngerti Anto mlayu njrantal pas krungu suwara saka HPne. Anggone Dian arep metu saka “persembunyian”, deweke krungu suwara maklampir, pikire deweke “loh kok suwarane isih ono padahal mau wis tak pateni suwarane ?”, pikire Dian. Banjur deweke ngecek Hpne, suara saka HP ne wis dipateni, “loh kok suwarane isih ono?”pikire Dian. Nyadar yen kuwi udu suwara saka HP ne, deweke langsung mlaju njrantal ngasi ora ngerteni yen ing ngarepe ono kali peceren sing ombo lan jero, sing banyune ngendeng, “Byur”.  “tulung.... tulung....” bengoke Dian. Keprungu yen ono sing gadhuh Anto lan Tio langsung mlayu nyedhaki suwara mau. Jebul sing jaluk tulung mau Dian. Tio ngerteni yen Dian kecemplung kali mung isoh ngguyu ngaka “whahahahahaha.... mulane jo seneng meden – medeni wong! Gene kowe yo wedhi to? Hahahha” omonge Tio. “wis to Yo(tio), gek ditulungi ra mung guyu  tok, mesake lo, gek ndang gek ditulungi selak ono kiriman seko ndhuwur( banyu peceren)” omonge Dian. Tio lan Dian nulungi tio sing kecemplung peceren. “sory yo Yan (sinambi ngampet ngguyu), aku mau sing medeni kowe”, omonge Tio marang Dian. Ing batine Dian mung mangkel lan isin, deweke ra bakal baleni maneh meden – medeni wong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar