Sabtu, 03 Juni 2017

nyerat bab basa

Andiko Irawan H P ( 15205241076)


Angga Bimo Satoto ( 15205241062)
 A.    BASA
Basa saking basa sansekerta”bhasa” ingkang minangka sarana sesambetanipun jalma marang tiyang sanesipun ngginakaken tandha ingkang saged awujud tumindhak utawi pocapan. Basa menika kunci pokok gesangipun jalma ing jagad menika, saengga kita saged komunikasi sesambetan marang tiyang sanes, saha kita saged mangertosi menapa ingkang dipun kajengaken dening tiyang sanes utawi kita piyambak.

B.     SASTRA BAGONGAN
Basa bagongan injih menika satunggaling basa jawi ingkang namung dipunagem wonten ing sajroning Keraton Mataram, basa bagongan menika dipunginakaken saha dipun ngrembakakaken nalika jaman pamarintahanipun Sultan Agung kanthi ancas kagem milaraken drajat antawisipun para pejabat kraton kaliyan kaluarga kraton supados saged raket. Basa bagongan namung diagem sentana nalika ngendika marang sentana sanes.
Samenika ingkang ngginakaken basa bagongan sampun boten kathah saha saged ical bilih boten dipun ngrembakakaken.samenika namung tiyang sepuh abdi kraton mawon ingkang tasih mangertosi basa menika.
Kita saged ningali basa bagongan menika wonten ringgit cucal nalika adegan kahyangan utawi adegan dewa-dewa. Bedanipun basa bagongan ing ringgit namung bilih tembung “kula” menika dipun gantos “ ulun” uga “manira” saha basa ”panjenengan” dipungantos “kita” utawi “pakenira”
Tuladha dialog basa bagongan ing ringgit wacucal :
Narada            : He ngger Arjuna, kita munggah ing kahyangan sajak sumengka pengawak braja ana wigati apa ngger?
Arjuna             : Nun inggih pikulun, kula gumrajag datan larapan sowan wonten  ngarsa pikulun awit ing mercapada wonten kedadosan ingkang mboten sebaenipun
Betara Guru : Kakang Narada. Awewaton aturipun Arjuna, mila menira mrayogekaken pakenira Kakang Narada tumuntena tedak dateng Mercapada, mindak sangsaya ndadra angandar-andar kedadosan puniku.
Narodo                        : Nun, henggeh di Guru. Menira tumunten enggal bidal.
He ngger Arjuna, kita enggal ndisiki bali mring Mercapada. Mboya antara suwe ulun nungka laku kita ngger.
                                                                                      

C.     TEMBUNG INGKANG KALEBET BASA BAGONGAN
Basa Bagongan menika namung nggadhahi sewelas tembung utama. Sanesipun tembung sewelas menika ngginakaken basa jawa umum, mliginipun basa karma inggil. Sewelas tembung menika :
·         kula: manira
·         panjenengan: pakenira
·         injih: enggih
·         boten: mboya
·         sanes: seyos
·         mawon: mbesaos
·         menika: puniki
·         meniku : puniku
·         menapa: punapa
·         wonten: wenten
·         ayo : nedha


 sumber: 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar