Sabtu, 03 Juni 2017

nyerat bab sastra

Andiko Irawan H P ( 15205241076)


Angga Bimo Satoto ( 15205241062)
A.    SASTRA
Sastra saking basa Sanskerta: shastra ingkang nggadhahi teges “seratan ingkang anggadhahi pitedah”, sastra saking tembung lingga “sas” ingkang nggadhahi teges “pitedah” saha “tra” ingkang ateges “sarana”. Wonten ing basa Indonesia tembung sastra injih menika seratan ingkang nggadhahi teges saha kaendahan.
Sastra menika wujudipun wonten kalih, sastra ingkang sinerat saha sastra ingkang lisan. Umumipun dipunginakaken kagem sarana ekspresi dhiri. Sastra menika kaperang dados kalih injih menika prosa saha sastra gurit, sastra prosa injih menika sastra ingkang boten wonten tatanan ingkang baku kados ta guru lagu, guru wilangan, tuladhanipun gancaran. Dene sastra gurit menika geguritan saha parikan.
B.     SASTRA PEDHALANGAN
Sastra pedalangan inggih menika reka wonten ing seni pagelaran ringgit, supados saged endah anggenipun nyariosaken lampahan ingkang kababar. peranganing sastra pedhalangan antawisipun: murwa utawi pelungan suluk kagem murwani, nyandra nalika janturan, suluk, antawecana , mantra, lsp.
C.     PERANGANIPUN SASTRA PEDHALANGAN
1. Murwa
Murwa injih menika suluk pambuka ing pagelaran ringgit wacucal.

2. Nyandra
Nyandra injih menika deskripsi/nyariosaken kahanan mawi ngginakaken basa prosa wonten ing pagelaran ringgit wacucal. Nyandra wonten 2 wujud : janturan saha pocapan, janturan mawi gendhing gangsa, menawi pocapan boten mawi gangsa.
Tuladhanipun Janturan :
Suh rep data pitana! anenggih wau kocapa negara ing pundi ingkang kaeka adi dasa nama purwa, eka sawiji adi linuwih dasa sapuluh nama iku panjenengan purwa nami wiwitan. Sandyan katah titahing dewa kasongan ing akasa, sinangga ing pertiwi, kaideng ing samudra, tebih ing parang muka, dasar negara Dwarawati silokane jero tancebe, jembar laladane, gede obore, duwur kukuse, padang jagate, adoh kakoncarane. Sigeg ingkang murweng kawi paparab kang dadi nalendra, inggih kang ngarenggani pura, jejeneng Sri Maha Batara Kresna ya Prabu Jenggalamanik, Prabu Harimurti, Prabu Padmanaba, Prabu Basudewaputra, saweg dipunadep dening ingkang rayi Arya Setiyaki lan ingkang raka Patih Udawa. Sreg tumeluk kaya kuncim pertala mukanipun sarta kadiya tata malih krama paningalipun Padmanegara lan Udawa saking ajrih dateng pangkonan. Samya prapta ngabiyantara, jajar denira pinara.

3.Suluk
Suluk inggih menika carios ingkang dipun sekaraken dening dhalang.
Tuladhanipun :
ngambar arum
ngambar arum lir kusuma
ooooo..ooo....ong...
lir......
pindha kumbang nesep madu sarining kembang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oong....
eng….
4. Antawacana
Antawacana injih menika imbal pangandhikan utawi dialog ringgit ing kelir kanthi swanten ingkang beda- bida miturut nama ringgitipun.
Tuladhanipun :
Kresna: Eladalah, Yayi, Yayi Setiaki.
Setiaki: Kaula nun.
Kresna: Kakang Patih Udawa.
Udawa: Lo, lo, lo, Hahahah… pun kakang Patih Udawa.


5.Mantra
Mantra ing pedhalangan wonten kalih wujudipun, ingkang sepisan mantra ingkang awujud donga dhalang marang ingkang nanggap, ingkang kaping kalih injih menika rapalan wayang kagem ngedhalaken kasektenipun, sastra mantra kathahipun dipunginakaken wonten ing lampahan ruwatan. 

sumber:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar