Sabtu, 03 Juni 2017

tugas nyerat bab budaya

Andiko Irawan H P ( 15205241076)


Angga Bimo Satoto ( 15205241062)


TUGAS NYERAT KARYA ILMIAH
TRADISI WIWIT PARI


1.      UPACARA
upacara menika tumindak ingkang kaiket aturan tartamtu adedasar adat istiadat, agami, lan kapitadosan. Upacara adat inggih menika upcara ingkang dipun lajengaken kanthi turun temurun ing sawijining daerah. Kanthi menika saben daerah tamtu gadha upacara adat piyambak – piyambak. Upacara menika wujud tumindak masyarakat ingkang nedhahaken kesadaran terhadap masa lalunya.

2.      Upacara wiwit pari
Upacara wiwit kalebet satunggalipun peranganipun kabudayan ingkang sampun diwarisaken para sesepuh marang putra wayahipun ingkang sampun temurun dumugi samenika.
Upacara wiwit menika biasanipun dipuntindhakaken kadhang tani nalika para tani badhe panen pantun utawi tanenamipun. Ancas saking wiwit menika minangka raos ngunjukaken raos syukur marang Gusti ingkang Murbeng Dumadhi ingkang dipun pralampitaaken awujud Dewi Sri. Dewi Sri injih menika satunggaling Dewa, ing agama Hindu Dewi Sri injih menika Dewi Kesuburan ingkang damel siti saged subur sahingga sadaya tetanen saged tuwuh ngrembaka kanthi sae.
Miturut kapitadosan tiyang jawi siti menika sedulur sikep mila tiyang jawa menika sampun nganggep siti menika sedherekipun piyambak.
Miturut R.Suwardanijaya (2009), kita minangka jalma ingkang pitados marang Gusti, sejatinipun kita wonten sesambetan/interaksi antawisipun kula ( jalma), donya, saha Allah( Gusti). Sesambetan menika dipunwujudaken dening masyarakat jawa mawi srana utawa sajen, kagem interaksi marang pangeran ingkang ghaib. Ancasipun kagem nyuwun karahayon saha tinebihna saking bebaya.
Ing upacara wiwit wonten ubarampenipun ingkang kedhah dipun samektakaken. Tiyang jawa mastani ubarampenipun menika sajen. Tiyang jawi samenika sampun kathah ingkang nilaraken tradisi wiwit menika amargi saratipun boten gampil, mbetahaken tenaga ingkah kathah, uga wonten ingkang pitados bilih mawi sajen utawi boten khasilipun sami mawon.
Wonten ing daerah Yogyakarta tradisi wiwit menika tasih dipun leluri dening masyarakat. Amargi masyarakat ing Yogyakarta tasih pitados bilih sedaya menika wonten piwalesipun saking Gusti bilih kita boten ngurmati saha njagi alam.
3.      Ubarampe
Ubarampenipun sajen wonten upacara wiwit injih menika :
1.      Roning suruh
2.      Pisang
3.      Injet
4.      Janur
5.      Jenang pethak
6.      Menyan
7.      Sekar mawar
8.      arta

9.      Ceketong

10. Kinang
11. Babat /pareman
Kadamel saking:
a.      Kunir
b.      Brambang
c.      Bawang
12. Anjir – anjir
13. roning dadap serep satunggal  ranting
14. roning pulutan
15. sepet kalapa
16. rek kagem mbakar menyan

4.      Tatacaranipun wiwit:
Urampe ingkang dipunsamektaaken dipun betha wonten ing sabin, biasanipun wonten ing galenganipun sabin saperangan pantunipun dipun biyak kagem nyamektakakaken uparampenipun, lajeng gendurinipun dipun wiwiti, genduri anggadhahi teges “kekendelan ingkang diudhari” . ingkang gadhah sabih lenggah sila utawi lenggah kenduri lajeng nyuwun donga marang pangeran sinambi mbakar menyan ing sainggilipun sepet klapa.
Ing upacara wiwit donga ingkang dipunaturaken wonten 2 versi injih menika :
1.       “kaki bumi nini bumi, le nitipke mbok Sri wis tekan tuwa, njut digaweke piranti kabeh, gambir ayu, suruh ayu, panganan sak pangenon komplet, sing digawa dipasrahke, yen ana kekurangane tukua dewe, duwite wis tak cepake”.
2.      “ Amit pasang paliman tabik, ilo – ilo linepatno saking siku Gusti Kang hakaryo bhawono. Danyang Sri Semara bumi kang mbaureksi sabin( nama desa), mbok Dewi Sri pepitu, kang lumpuh gendongen, kang wuto tuntunen, kulo aturi nglempak saklebeting sabin, ingak sampun kulo ancer – anceri sak pucuking blarak. Sak sampunipun nglempak, kulo caosi daharan ngabekti, gandeng anggen kulo titip wiji gugut sewu, wonten ing tegal kabenteran sampun wancinipun sepuh, badhe kulo boyong wonten soko domas bale kencono. Kaki markukuhan, Nyai markukuhan, kukuhana kang dadi rejekiku. Nyai pakeh lan kaki pakeh, akehono kkang dadi rejekiku, yen ana kekurangane, tukuo neng pasar, duwite wis tak cepake neng kene”.
Sasampunipun ngunjukaken donga, lajeng nyebaraken saperanganipun sesajen wonten ing sabin, jenang pisang saha kinang dipun papakaken wunten ing ceketong. Ceketong ingkang cacahipun sekawan menika banjur dipundelehaken wonten ing saben pojok sabin ingkang nggadahi teges kiblat papat siji pancer; kakang kawah, adi ari-ari, getih, lan puser, kang nyawiji dadi siij. kinang dipundelehaken caket ing toya ingkang mlebet ing sabin.
Sasampunipun menika, ppantun ingkang badhe dipunpanen dipendhet  mawi ani-ani kagem di betha kondhur wonten ing lumbung, biassanipun dipun pendhet 2 iket pantun ingkang nggadhahi pralampita pantun jaler saha pantun setri.
5.      Faktor ingkang dadosakepn tradisi wiwit menika sampun jarang dipun lajengaken:
a)     Lahan Sabin ingkang saya dangu saya kirang
b)     Mbetahaken wekdal lan arta ingkang langkunh
c)      
d)     Membutuhkan waktu lebih dan biaya
e)     Rendahnya pemahaman orang tentang manfaat dari tradisi wiwit

Sumber:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar